Beranda Opini Ngobrol Pilem Yuni Ning Warung Kopi

Ngobrol Pilem Yuni Ning Warung Kopi

Poster YUNI Jalan-Jalan Ke LA. Foto: Dok. Instagram @fourcoloursfilms

Obrolan warung kopi bari dodok ngelepus ning pojok. Bari nyaplok gegedoh gedang sing masih panas, Si Boyok alias Mad Kobel cerita lamun pilem Yuni sing lagi diputer ning bioskop mol Serang ruwame sing nongton. Wingine deweke jerehe nongton karo bintang pilem, kru, sing nguruki ngomong Jawa Serang karo Sunda Banten ning pilem iku. Ana teh Nazla sing dadi Endene Yuni, Kang Toto sing dadi Mang Dodi, ana Mang Bagja sing dadi mamange Yoga, ana petoak anggrem Ovi Leonard alias kadal ijo, Ade Ubaidil sing dadi bature Yoga, Mang Qizink sing nongol lagi ngelepus, lan akeh liane.

Pilem Yuni iki rupane wakeh sing pengen nongton langsung sebarang prak ulih akeh penghargaan sing endi-endi. Jerehe pilem iki ulih penghargaan Platform Prize Toronto International Film Festival 2021. Aja takon Toronto iku ning endi, durung pernah ngedek lan nguyuh ning kana kitane. Weruhe pasar Kresek karo pasar Kronjo doang kitamah. Iku gah diajak mang Kaderi enggo motor Binter butut.

Terus maning, pilem iki manjing patbelas kategori penghargaan ning Festival Film Indonesia 2021, ulih Piala Citra kategori pemeran wadon terbaik, ulih maning Silver Hanoman ning Jogja-NETPAC Asian Film Festival 2021. Sing ora ketinggalan lan sing paling gengsine gede pilem iki kepilih ngewakili Indonesia ning Piala Oscar 2022. Tek doakaken sing keadohan menai ulih, ambih milu berag maning.

Saking sorak berag pilem iki, ana obrolan warung kopi karo Si Boyok alias Mad Kobel lamun adegan ning pilem Yuni nongtonaken adegan dewasa. Kedelang s***t lan ana adegan “ngangkrog” Yuni karo Yoga ning umah kosong. Ana maning adegan Yuni penasaran “ngodok” anune bari ngedeleng hape. Intine jereh Si Boyok ana bungbu adegan pilem dewasa sing rada gawe risi penongton Yuni, wabilkhusus ibu-ibu.

Bagi kita pribadi sing ora giginau atawa belajar ning pakultas perpileman, respon penongton iki teger gona disimak, dirungu, direnungaken (kaya lagune Elvi Tamala kuh!), bari digelati benang abange karo kondisi masyarakat Serang akhir-akhir iki. Sakinge akeh obrolan, tanggapan, atawa basa wong kulone “respons” penongton, makin bagus gonah karya iku. Embuh iku pilem, musik, lukisan, nopel, puisi atawa seliane. Artine karya iku ora anyeb, bisa jadi obrolan sing mulai warung kopi sampe pojok kampus, lan bisa jadi renungan.

Sepengalaman kita dadi penikmat pilem serabutan, pilem gede-gede iku nampilaken potret/wewayang/gambaran urip masyarakat sing paling autentik (kagok Sar, enggo basa wong kulon maning!). Ora kudu ngangkat cerita-cerita gede sejarah atawa seliane. Tapi sutradara sing jeli(nger) menurut kita, kadang-kadang ngangkat isu gede melalui cerita urip masyarakat cilik. Ora dibalik, ngakat cerita gede tapi kedodoran eksekusine, bari ora kuat isi lan isune. Sampe kene, basa kita rada ngubeng yah. Arane ngobrol warung kopi mah bebas pura-pura pinter gah laka sing weruh iki, he he.

Dadi lamun tanggapan kita ning Si Boyok alias Mad Kobel kuen soal adegan kedeleng s***t atawa nana adegan dewasa, ikumah bumbu cerita. Sing arane bumbu ning dapur gah ngayah bentuke. Ana jahe, laos, kapulaga, pala, ketumbar, merica, godong salam, kunir, lan anak putune. Masakan dadi lebjar lamun dicampur bumbu sing takerane pas. Coba jajal lamun dikeremus jahene doang, dijamin pahang lambe. Makane, arane bumbu kudu ana tapi ora ngelewihi bahan utamane.

Kedadian sing digambaraken ning pilem Yuni iki sebenere dudu perkara aneh terutama ning Serang. Sing arane pergaulan bebas kenal sing pesbuk dudu siji loro ceritane. Bocah wadon digawa lanang gara-gara kenal sing medsos ngeluyah beritane. Terus maning kasus bocah dicabak wong lanang atawa kasus pemerkosaan bocah cilik akeh kedadiane. Pelakune ana sing guru ngajine, sampe mamang lan wong tua walone. Ngerungune sedih mangkane.

Nyingkin maju teknologi ingpormasi, nyingkin gampang kepelesed bocah-bocah saiki. Dadi wongtua saiki tangtangane lewih abot dibandingaken wongtua bengen. Wongtua bengen ngusir setan sing umah karo ayat Kursi lan Yasin. Saiki mah setane digawa-gawa bocah tekang peturon. Si Boyok ora percaya setan apa akune? Kuh hengpone lan si gugel! Lamun salah ngenggone dudu nyetel Muamar ngaji, malah nyetel wadon wewuda endase otek bari goyang. Ning pilem Yuni, gambaran iku dituduhaken. Maksude mah wongtua saiki kudu ngererati nyekelaken hengpone ning anak. Kudu sering ngajak ngobrol dampak bagus lan jorene. Aja mentang-mentang anak anteng ning kamar dewek, wongtuane megawe. Ngobrol karo anak, ngerungu curhat sing dikepengeni anak penting ketimbang cuma ngisikaken paket internet. Apamaning due anak wadon zaman saiki, duh Gusti kudu ngererati!

Ngawinaken Anak

Si Boyok bari ngomong tangane ngejukut gegodoh maning, tek itung wis papat. Deweke ngomong maning nyen bocah wadon belasan taun dikawinaken wongtuane dudu masalah ning Serang. Akeh bocah wadon embeke lulus sanawiyah, aliyah atau SMA langsung dikawinaken. Sisane sing rada sukses megawe ning pabrik sepatu, bebantu dagang ning pasar rau, lan bebantu ngumbah pekean wong komplek sing megawe ning Pemda. Lewih setitik maning bocah wadon sing nerusaken sekola dadi mahasiswa ning perguruan tinggi.

Soal kawin enom memang ora setitik sing awet tekang mameu nini. Tapi sing pegat ning tengah dedalan ora setitik jumlahe. Angka pegatan ning Pengadilan Agama Serang tahun 2020 wingine ana 3.304 pasangan laki rabi pegatan. Paling wakeh pegatan umur 30 tahun mingsor embeke due anak siji. Rata-rata kawine umuran selawe mingsor, sing wadon umuran rong puluh mingsor. Ana masalah setitik, tukaran, ambeke masih gede, kurang sabar, cepet nibakaken talak.

Isu ngawinaken anak sing masih enom, masih pengen sekola akeh kedadian ning kene. Ora dianggep masalah serius. Lamun dawa jodohe disukuri, pegat ning dedalan dari rangda lan duda wis biasa bae. Isu kawin enom dadi salah siji sorotan ning pilem Yuni. Kedadian iki akeh ngorbanaken pihak wadon. Ditinggal laki ngurusi anak dewekan nasib sing ora bisa ditolak wong wadon, tapi sebenere bisa dihindari lan direncanakaken sedurunge.

Wis tentu perane wongtua penting ning kene. Yuni sing masih pengen neglanjutaken sekola kebentur karo kebiasaan lingkungane. Uripe wong wadon masih uprek-uprek ning dapur, sumur lan kasur. Tapi iku Yuni ning pilem. Yuni-yuni ning urip nyata mah menai ora mekonon. Bocah wadon ning Serang mah sekolane rajin ora ilok mabal, ayu-ayu, jelinger-jelinger, calakan, tukang ngaji, ora tinggal salat. Cita-citane duhur dadi guru, karyawan pabrik sepatu, menejer bank, dadi dewan, walikota, kepala sekola, atawa due yayasan pemberdayaan perempuan.

Bari angguk-angguk endas, tangan si Boyok ngembil gegodoh gedang maning bari nyeruput kopi. Tek itung wis ngejukut lima. “Gedange kurang mateng ya Bah? Ngan mangan telu, kopine siji. Dadi kabehe pira?!”

Temukan Berita BantenNews.co.id di Google News

Dukung BantenNews.co.id untuk terus menyajikan jurnalistik yang independen. Klik disini